Oleh : Abdul Basit II
Joko tingkir wong kang mulyo
Murid sunan kalijogo
Putro ki kebo kenongo
Dadi wali yo dadi rojo
Dadi wali yo dadi rojo
Kang wus mashur nang tanah jowo
Disebute sultan hadiwijoyo
Rojo pajang kang digdoyo
Buyut prabu browijoyo
Buyut prabu browijoyo
Garwone ratu mas cempoko
Putrine sultan trenggono
Rojo islam demak bintoro
Peneruse walisongo
Peneruse walisongo
Ahli dzikir ahli tirakat
Ahli mikir lan ahli kholwat
Parek marang masyarakat
Fakir miskin ugo pejabat
Fakir miskin ugo pejabat
Pat belas tahun dadi rojo
Duwe putro pangeran benowo
Kang nurunke poro ulomo
Kang wus mashur nang nuswantoro
Kang wus mashur nang nuswantoro
Rembang, 25 Muharram 1444 H
